Selasa, 09 Desember 2014

Contoh Naskah Drama Bahasa Jawa

                                                    “AKIBAT’E MALES SINAU”

     Ing sawiji dina ana  4  kanca  diskusi ing njero kelas, diskusekake(ngerembuk) tugas matematika sing kudu dikumpulake dina iki.
Gilang       : No, awakmu wis ngerjakne tugas matematika ?
Rino          : durung , alah  bene wis .. engko sing teka paling mung Bu Diana ae ...
Neta          : awak mu kok ngerti ?No ..
Kirana       : iya No ..  awakmu kok ngerti ..
Rino          :yo ngerti to... mau lo aku krungu guru-guru ngomong soal rapat, engko guru guru rapat koyok e...
Gilang         : awakmu nguping to No?? ...
Rino          : hehehe, kok awakmu ngerti lang?....
Gilang         :iku kan trae kebiasaan mu...
Neta          : eh,wes bel kae lo..
Kirana       : lek ngono yo wes awak e dewe mbalek ndek bangkune dewe dewe ...
Rino&Gilang : iyo...

     Ing sawiji ning  waktu Neta lan Kirana wis mapan panggonane dhewe-dhewe, Ibu Diana guru B.Indonesia wis teka ...
Bu Diana  : assalamu’alaikum cahh..
Murid-murid : wa’alaikumsalam bu ...
Bu Diana  : saiki bukak en buku boso Indonesia bukak en halaman  94
Murid-murid : enggeh bu ..
Bu Diana  : ndek kene bu guru ape njelasne tentang bab menulis surat dinas (wektu iku bu Diana nerangne tapi Rinomalah ngomong karo kancane)
Rino          : (rino mbisik I gilang) eh lang, engko balek sekolah ayo maen PS ?? ...
Gilang       : (bisik bisik) sepurane No, aku wes enek janji ndek neta ambek Kirana ape belajar kelompok bareng
Bu Diana   : Rino! Gilang! , lek awakmu gak pengen melok plajarane bu Diana, metu ae, timbang gk ngrukno terus ngganggu kancane
Gilang             : sepuntene  bu, Rino riyen sing ngejek kresroh ..
No, njalok sepuro dimek kono neng bu Diana ( ngomong neng arah Rino)
Rino          :iyo iyo..

    Enggeh bu, kulo nyuwun sepuro .. kulo mboten mbeleni maleh bu…
Bu Diana   :yo apik wes lek ngono...
Bocah bocah bu guru arep metu diluk yo cah, kerja’ne tugas tugas halaman 96 !
Murid-murid : enggeh bu ...

    Wektu Ibu Diana metu teka kelas , Rino ora ngerja’ake tugas  sing diwehi karo Ibu Diana dhewe’e seneng banget dolanan  hp ne dhewe ...
Neta          : No, awakmu ko’ gak ngerjakne tugas to?...
Kirana         :laiyo to, malah asyik dolanan hp dewe ...
Rino          : ora rek, aku males ape ngerjakne... kan enek Gilang, dadi aku iso nyonto garapane gilang..
Neta          :sak karep wes no, engko awakmu lak kenek amok karo bu Diana maneh…
Kirana       : iyo lo no…
Gilang         :uwes rek ojo gesah ae ... Bu Diana teko kae lo, ojo rame engko malah diseneni kabeh lo..
Neta&Kirana : iyo lang...

    Ujuk-ujuk Bu Diana mlebu ing kelas lan nakokake tugas  sing diwehi kanggo dhewek’e ...
Bu Diana  :bocah bocah, wes mari tugase cah? ...
Murid-murid   : dereng bu ...
Bu Diana  : y owes cah ,di kerjakne maneh ndek omah gae PR.. oleh moleh cah, wassalmu’alaikum wr. Wb.
Kirana         : lho bu, ko’ pun saged wangsul?.. niki kan dereng wanci ne wangsul to bu?...
Neta enggeh bu ..
Bu Diana  :bpak ibu guru apene rapat cah, dadi bocah bocah iso moleh rodok awal..
Murid-murid   : hoorrreee!!!..
Bu Diana  : yo wes, wassalamu’alaikum...
Murid-murid   :wa’alaikum salam wr.wb...

    Sawise mulih Neta, Kirana, lan Gilang nganakake sinau bareng kanggo ngerjakake tugas sing diwehi Bu Diana ....
Gilang       : kirana, Neta ayo maringene belajar kelompok gae ngerjakne PR teko bu Diana mau?? Gelem gak?
Neta           :ayo wes,  tapi aku tak balek disek yo, aku soale gorong pamitan karo wong tuek ku..
Gilang       : iyo, aku yo balek kog rek.. lek awakmu pie Na,gelem gak..?
Kirana       : yo gelem lah...
Neta          : ayo ngajak Rino pisan?
Kirana&Gilang: tapi Rino opo gelem? ..
Neta          : yo sek tak takok’i…

     Neta nakok’I Rino tentang blajar kelompok
Neta          : No, awakmu gelem po ra milu blajar kelompok karo arek arek..?
Rino          : ndek endi ta? kapan..?
Kirana       : ndek sekolah No..tapi maringene arek arek moleh disek ape pamit sek..
Rino          : iyo wes, aku melok rek...
Neta&kirana :yo wes, aku karo kirana tak balek sek yo?...
Gilang             : iyo, ati ati
Neta&kirana : okee..

     Sak wise muleh nang omahe dewe-dewe .. Kirana,Neta,Gilang,lan Rino ugo kumpul ing sekolah kanggo sinau kelompok ...
Kirana        : ehh rek, wes sampek nomer piro rek..?
Neta          :aku wes sampek nomer limo, awakmu Na ..?
Kirana       :podo aku yo nomer limo..
Gilang       :lek aku wes sampek nmer 7, lek awakmu No ..?
Rino          :aku gorong nggarap blas Lang..
Neta          :yo wes, dikerjakne bareng bareng ae rek..
Kirana       : iyo wes setuju aki...
Gilang       : okkee…

     Sak wise ngerjakne tugas bareng bocah-bocah ngerembuk gawe sinau bareng sesok ...
Kirana       : eh, krungu krungu baringene ape ulangan bhs.indnesia lho..
Neta          : tenane tah Na?..
Kirana       : iyo Ta..
Gilang         : lek ngono sesok balek sekolah ayo blajar bareng..?
Kirana&Neta : okke..
Gilang        :piye awakmu No..? gelem po gak milu blajar bareng karo arek arek?
Rino          :iyo wes la, gelem aku.. (wajae Rino mrengut)
Gilang        :yo wes, ayo rek balek.. sesok  balek sekolah kumpul ndek kene maneh yo?
Neta&Kirana : siapp Lang (semangat)...

    Wusanane dheweke bali ing omah dhewe-dhewe …
  Esok’e dheweke budhal nyang sekolah bareng-bareng kaya biasane...
Neta          : eh, engko sido blajar bareng kan..?
Gilang&Kirana:yo sido to...
Neta          :piye No awakmu gelem opo ora..?
Rino          :iyo wes, aku milu ae...
Neta          : oke wes

    Wektu pelajaran wes mari Bu Diana menehi informasi  anggone esok arepe ana ulangan b.indonesia ...
Bu Diana  : bocah bocah, sesok ulangan bhs.indonesia, pelajari seng bu guru tau nerangno, plajari catetan bhs.indonesia ne…
Murid-murid : enggeh bu ....
Bu Diana  : belajar seng pateng cah, wassalamu’alaikum wr.wb.
Murid-murid : enggeh bu,wa’alaikumsalam wr.wb.

    Sak wis e bel balik sekolah .. Neta, Kirana, Gilang, lan Rino ugo sinau bareng ing sekolahan...
Gilang       :piye iki rek..awak’e dewe mbahas seng endi sek iki rek..?
Neta          : piye lek mbahas surat dinas disek ae Lang?...
Kirana       :iyo wes rek, setuju aku...

    Wektu iku  Neta, Kirana, lan Gilang repot ngrembuk tugas, malah-malah rino umek karo hpne lan ora gelem sinau bareng ..
Gilang        : No, awakmu kog malah enek enak’an dolanan hp dewe to?..
Neta          :iyo, awakmu engko lek ulangan gak iso pie?..
Rino          : alah ...  ora ora..  aku iki pasti iso…
Neta          : yo wes, karepmu.. tapi ati ati lek sampek gak iso nggarap ojo nyonto lo…
Rino           : iyo iyo, tenang ae, aku ra bakal nyonto...
Kirana        : uwes uwes...ayo mbahas materi ne maneh, beno Rino iku kan seng gak iso Rino seng penting uduk awak’e dewe…
Neta          : iyo lah, jarno ae ..
Gilang       :iyo, ayo di bahas maneh...

     Sakjam engkas,wis mari anggone sinau bereng…
Neta               : Alhamdulillah rek, sinau ne mari…
Kirana             : iyo alhamdulillah  ..
Gilang         : No, No awakmu ket mau kok dolanan Hp ae to, wes gak melok belajar…
Rino           : alah ...yo bene to.. engko aku tak belajar dewe ndek omah...
Neta           : tapi kan awakmu gak tau sinau lek ndek omah No?...
Rino            : kemeroh awakmu iki Net...
Neta             : ibukmu lo ngomong dewe No...
Rino               : iyo wes, opo jare lah...
Neta                 :iyo, y owes aku tak balek sek yo rek... Assalamu’alaikum
Kirana&Gilang : Wa’alaikumsalam
Gilang             : No, jawaben to lek enek wong salam...
Rino           : iyo iyo, Wa’alaikumsalam
Kirana         : yo wes, aku yo arep muleh pisan..
Gilang&Rino  : okee ..
Gilang            : ayo balek pisan No ....
Rino           : ayo ..

      Akhire dheweke balik, lan sesuke dheweke uga budhal sekolah bareng-bareng ... wis tekan ing kelas,nalika bel mlebu muni banjur dheweke meneng ing kursine dhewe-dhewe ... lan Bu Diana uga mlebu kelas ...
Bu Diana  : Assalamu’alaikum anak-anak ..
Murid-murid   : Wa’alaikum salam bu ..
Bu Diana  : dino iki ulangan bhs.indonesia, kabeh wes siap cah?...
Murid-murid   : sampun siap bu ...
Bu Diana  : lek ngono siapno saklembar kertas karo pulpen...
Murid-murid   :enggeh bu ...

     Wektu wulangan(pelajaran)uga diwiwiti, ora ana siji-sijia murid sing ngomong(guneman)... kabeh focus ing soal wulangan(pelajaran)sing diwenehi dhining Ibu Diana kajaba Rino,dheweke bingung karo soal sing di cekel lan dheweke golek repekan. Lan akhire dheweke nekat bukak buku paket B.Indonesia. nanging Ibu Diana weroh lan nyelok Rino nyang ngarep kelas.
Bu Diana   : Rino ..
Rino                 : d..da.. dalem bu (Rino ngomong karo ndredeg)
Bu Diana  : rene le, kertas ulangane di gowo pisan…
Rino          : enggeh bu ..
Bu Diana  : saiki ngadek’o ndek ngisore tiang bendera sampek bel balek..
Rino               : tapi kulo salah nopo bu ..
Bu Diana     : awakmu mau wes kepergok nyonto, dadi saiki awakmu di hokum..
Rino           :enggeh bu (wajae Rino mrengut) ...

     Wusanane Rino uga di ukum dening Bu Diana marga  Rino nyontek(nurun) wektu wulangan lan Rino oleh biji sIng elek ... lan saiki dheweke janji arep sinau sing patheng(mempeng) lan ben oleh biji sing apik ....


                                                                    “TAMAT”

7 komentar: